Minggu, 14 Oktober 2012

Materi Bahasa Jawa Kelas X Semester 1

WARA-WARA

Wara-wara = Pengumuman

Wara-wara yaiku aweh kabar utawa aweh weruh marang sapa bae kanthi ancas wong liya bisa mangerteni isine wara-wara sing digawe.

Wara-wara ana 2 yaiku:

1. Awujud Lisan :

Wara-wara awujud lisan yaiku wara-wara kang dibiawarake lumantar lisan utawa swara. Wara-wara kuwi mau dibiawarake lumantar media elektronik kayata ing radio, Tv, lan sapanunggalane.

Thuladhane

WARA-WARA

     Para sutrena budaya Jawi, kagge mahargya dinten natal, Radhiyo Rema gelombang 88,6 Fm ngawontenaken andon wasis tetembangan natal kanthi basa Jawa.

      Ingkang badhe ndherek adon wasis, saged nggegana wonten ing 88,6 Fm Rahiyo Rema wanci jam wolu bengi ngantos jam sewelas bengi, utawi langsung dhateng ing studio Rema. 

2. Awujud Tulisan :

Wara-wara awujud tulisan yaiku wara-wara kang dibiawarake lumantar tulisan ing ariwarti lan kalawarti. Bisa uga kababar ing lembaran-lembaran kertas pamflet utawa poster-poster. 

Thuladane:

WARA-WARA

      Katujokaken dhumateng sedaya pengurus karang Taruna Kelurahan Welduelbeh, kasuwun makempal saperlu bahas bab lomba kagem mengeti dinten kamardikan Indonesia kaping 67 benjing.

Dinten                     : senin        
Tanggal                   : 13 Agustus 2012
Tabuh                      : 8 dalu
Papan                      : ana ing baledesa Welduwelbeh
      Awit saking kawigatosan saha rawuhipun pengurus Karang Taruna Kelurahan Welduwelbeh, kaaturaken agunging panuwun.
Welduwelbeh, 11 Agustus 2012
Ketua Karang taruna

Bagong

 

BERDIALOG MENGGUNAKAN PARIKAN/WANGSALAN

Parikan = Pantun

Parikan

Tuladhane;

  • Ngasah arit karo blati, klabi abang nyenengke ati.

  • Ning Semarang tuku gelang karo ali-ali, mugi Gusti berkhahi.

  • Awan-awan golek yuyu, anak wadon paling ayu.

  • Ngasah arit, ngati landhep

        dadi murid, kudu sregep

  • Dalan sepur dilumpati

        Pengin makmur aja korupsi

  • Iwak bandeng, durung wayu

       Priya nggantheng, sugih ngelmu

  • Kursi goyang sikili papat

       Nek berjuang aja golek pangkat

  • Nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat

      Aja mikir awake dhewe, deleng rakyat kang mlarat

  • Jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan

      Dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan

 

Gatekna Thuladha Pacelathon kang migunakake parikan ing ngisor iki !

Daud  : "Mas Daud, ayo tinimbang awake dhewe padha ngantuk, saiki padha parikan wae!"

Yusuf  : :Ayo, parikanku mesthi ora bisa batang?"

Daud  : "Bisa wae, Mas! Wong aku bae menang lomba gawe parikan sakelas!"

Yusuf  : "Coba, parikanku iki mengko kowe sing batang supaya dadi parikan.

Daud : "Iya, Mas dak bacutake mengko rak dadi parikan! Ayo, kandhakna parikanmu iku!"

Yusuf  : "Ngasah arit nganti landhep. Apa bacute?"

Daud  : "Dadi murid kuku sregep. Ya apa ora Mas! Saiki genten aku sing gawe parikan. Wedang bubuk gula Jawa. Ayo, apa bacutane?"

Yusuf  : "Wah, nyindir aku iki mesthi!"

Daud  : "Ora kok, Mas! Mas Yusuf ki kok