Senin, 28 Mei 2012

Geguritan


*# LAYANG KANGEN #*
Aku lunga wes suwe
Ninggalake awak mu
Ati iki krasa kangen
Wes numpuk kaya gunung rasane
Apa kowe isih eling karo aku
Apa kowe isih ngenteni aku
Apa kowe ya kangen karo aku
Apa ya kangen mu pada karo aku
Rasa ati pengen ketemu
Naging ya ora bisa
Mung fotomu iki
Kang bisa ngilangi rasa kangen ku
Saka tulisan iki
Sing tak gawe iki
Tak gawe nganggo rasa kangen
Sing tak tibake
Tak tibake nang ukara-ukarane
Saben ukara kuwi mau
Makili rasa kangen sajroning ati
Amrgo aku setyo satuhu karo kowe
Mugi kowe bisa sabar ngenteni aku
Mugi tresnamu ora ilang karo aku
Ya mung liwat tulisan iki                  
Aku bisa ngungkap rasa kangenku
Mugi awak mu pracaya karo aku
Amargo tresna ku ora ilang dipangan wektu
  
Brubah
Saya ajur saya rusak
Ora mung polah nanging uga tuture
Senenge mung padha ngatur
Ora gelem yen padha diatur
Kabeh bisane mung gelut
Ora mikir kanca lan sedulur
Kabeh bakal digawe ajur
Sing penting uripe bisa makmur





Kuciwa
Kuciwa…..
Kuciwa iki saya kerep dirasakake
Kuciwa bab ing katresnan
Apa maneh Kuciwa bab ing janji san saya akeh
Kabeh padha lali
Lali bab ing janji
Lali bab ing kewajiban
Kabeh mung seneng janji
Janji sing mung gawe Kuciwa lan laraning ati
Kuciwa lan Kuciwa maneh
Apa ya bakal terus kayangene
Kuciwa, Kuciwa, lan Kuciwa maneh
Apa ana tambane Kuciwa iki
Yen ana apa tambane…….

PSSI ( J A )
Senenge mung gawe masalah
Senenge mung gawe bubrah
Jare arep ngampungake masalah
Nyatane naming nambah masah
Jare simbah lunga menyang sawah
Jare simbok arep tuku cambah
Jare biyen arep ngrampungake masalah
Nyatane malah tambah akeh masalah
Dhisik siji saiki loro
Dhisik nomer siji saiki nomer loro
Dhisik Pandawa saiki Kurawa
Dhisik bubrah saiki owah
Kabeh ngaku bener
Kabeh padha keminter
Kabeh mentingake awake dhewe
Kabeh diputer
Kabeh diwolak-walik
Sing salah dadi bener
Sing bener dadi salah
Sing pener dadi owah
Sing owah saya owah
Padha rak dhuwe isin
Ngaku bener sanadyan salah
Ngomong iya nyatane ora
Ngaku ngayomi nyatane nyidrani



-* KANG  E *
Kang E… kang E
Rupamu ganteng kaya arjuna
Lakumu gagah kaya bima
Sifatmu apek kaya kresna
Neng mau kuwi ora aslimu
Kuwi mau yeng kowe nang ngarepe kancamu
Yen nang burine kancamu
Rupa lan sifatmu malih total
Rupamu malih kaya rahwana
Sifatmu malih kaya sengkuni
Senenganmu kuwi
Adu – adu kancamu dhewe
Kok pikir kancamu kuwi kewan
Lha kok tega tenan kowe
Kancamu dhewe kok adu
Apa kancamu kuwi kewan aduan
Kang E… kang E
Apa maneh yeng kowe weruh wong wedhok
Walah… walah
San saya ora karuwan
Rupa lan sifatmu bisa maleh maneh
Rupa lan sifatmu dadi kaya yuyukangkang
Yen weruh wong wedhok jur arep kok kangkangi
Rak perduli kuwi duwene sapa
Bojone kancamu dhewe wae arep kok pangan
Apa maneh wong wedhok liyane
Apa sifatmu kuwi ora bisa ilang
Apa ya arep kayangana terus
Sifatmu kaya kuwi apa yai arep kok lakoni terus
Sing eling to kang.. kang
Nganti tuwa apa yang arep ngana
Kang E… kang E

Tidak ada komentar:

Posting Komentar